[Cerpen] DENING
[CERPEN BAHASA JAWA) PIWULANG SAKA RAHMI
pernah
dimuat di Jayabaya beberapa bulan silam (lupa tepatnya) silakan dibaca
Dening : Afin Yulia
Aku tas mari bae tuku krupuk urang
ana pasar Genteng Wetan nalika ana sms mlebu ing ponselku. Age-age dak
bukak lan kuciwa nalika Mas Jai ngabarake yen ora sida njemput aku karo
bocah-bocah ing Banyuwangi. Isih sibuk motret, jarene. Kanthi praupan
pegel aku nglebokake ponsel ing tas cilikku. Ora mung sepisan Mas Jai
mblenjani janji kaya ngene. Asring aku nelangsa, kok tansaya urip
kepenak aku dadi jarang ketemu karo dheweke. Gak jarang aku iri karo
ibu-ibu liyane, sing menyang ngendi-ngendi karo garwane. Lha aku? Luwih
sering dhewekan karo anak-anakku sawentara Mas Jai sibuk karo
proyek-proyeke. Duh, rasane timbang kaya ngene iki penak pisahan bae!
Gunemku ing njero ati.
“Aduh!”
Suara ngaduh mau ngagetake
aku. Gara-gara iwut karo pikirane dhewe aku nganti ora krasa nubruk wong
lan midak sikile. Aku sing rumangsa salah nuli njaluk sepura marang
wong wadon ing ngarepku.
“Mboten napa-napa, Bu. Kula ingkang kirang
pramana,” jawabe karo nyawang aku.
Lhadalah! Kok kaya tau kenal,
nanging sapa ya? Tanpa sadar alisku njureng ngeling-eling dheweke. Oalah
iya, kuwi Rahmi!
“Eh, sampeyan Rahmi, to?” pitakonku karo mandeng
wong wadon ing ngarepku.
Sing ditakoni melongo. Ngeling-eling
sedhela banjur mbengok seru ,”Nungki! awakmu Nungki to?”
“Oalah,
Mi, pangling aku. Ora daknyana bisa ketemu ing kene!” Aku ngguyu karo
ngerangkul Rahmi kenceng.
Rahmi klecam-klecem karo ngusap rambute
sing brintik. Banjur nggablogi aku karo kandha ,”“Oalah, Nung! Suwe ora
ketemu! Aku mikir suwi mau, iku kancaku apa dudu. Lha wong tambah ayu
je.”
“Lha iya, aku rada pangling karo awakmu. Ora nyangka nek Rahmi
sing tomboy bisa feminin kaya ngene.” Aku ngguyu ngikik.
“Asem
tenan kowe ki. Eh, kowe saiki ana ngendi? Anakmu wis pria?”
Aku
nyengir bae. Karo klecam-klecem mangsuli kalem ,”Ana Sidoarjo. Anakku
loro.”
“Ah, lha endi? Kok ora diajak?”
“Karo utine, Rahmi. Aku
iki mau dhewekan bae.”
“Oh, ya ayo mampir ngomah. Omahku cedhek
kok, mburi pasar. Ayo!”
Kerana kangen aku ngiyani bae. Banjur
mbuntuti Rahmi karo nuntun motorku. Omahe Rahmi ora adoh saka pasar,
kira–kira satus meter. Ning aku rada krenggosan amarga dalanane nanjak.
Nalika tekan ngarep omah tanpa pager sing warna cete wis mulai ilang
Rahmi mandeg. Lawang nuli dibukak lan aku dikongkon mlebu.
Omahe
Rahmi cilik, kira-kira limang meter musuh enem. Kabagi telung ruang,
kamar loro lan ruang tamu sing dadi siji karo ruang makan.
Daksawang-sawang ing ruang tamu ora ana perabotan sing mbejaji. Mung ana
lemari plastik, kursi tamu sing beludrune wis ilang wulune, karo tivi
tuwa sing diseleh ana meja cilik. Ing tembok kulon ana meja maneh, tak
deleng ana rice cooker karo tudung saji ing ndhuwure.
“Omahe cilik
ya?” Rahmi mesem karo manggakne aku.
Aku ora njawab, mung meneng
karo lungguh ing kursi tamune.
“Ngapurane ya, duweku mung banyu
putih thok,” tembunge Rahmi karo ndeleh banyu gelasan ana ing
ngarepanku.
Aku mung mesem karo ngucap matur nuwun.
“Kowe
entuk wong endi, Nung?”
“Oleh wong Genteng kene bae, kok,” jawabku
tanpa sadar unjal ambegan gedhe, kelingan menawa akhir-akhir iki
hubunganku karo bojoku rada crah.
“Ana apa kok sajake....” Rahmi
nggumun nyawang aku. Aku mung meneng, mandeng kancaku kuwi kanthi ati
perih. Banjur ngalihake omongan, takon ana ngendi anak-anake lan bojone.
“Anak-anakku isih sekolah, Nung. Dene bojoku isih muter golek
rosokan.”
“Golek rosokan?”
“Iya, tuku marang wong-wong kampung
ngono. Terus didol maneh.”
“Yen sore wis tekan ngomah yo?”
“Iya.”
“Penake,” kandhaku iri.
“Ah, jare sopo? Ha wong bojoku
ki ya kumat-kumaten. Kadhung sregep megawe budhal ben dina, yen ora ya
mung mancing bae pegaweyane. Kaya akhir-akhir, ini dheweke akeh
nganggure. Aku kadang nganti mangkel Nung, katone dhuwe bojo tapi kok
golek pangupa jiwa dhewe.”
“Maksudmu kowe kerja dhewe?”
“Iya,
mider-mider ing kampung-kampung dodol jajan. Yen ora ngono ya ora
mangan.”
“Ah, tenane?”
“Kandhani kok. Bojoku ki emoh kerja
neka-neka, Nung. Geleme ya dodol rosokan kuwi. Biyen tau jaya, nganti
dadi lan kepenake. Nanging ing sawijine dina rosokan wesi regane anjlok,
bojoku rugi. Akhire gulung tikar. Sak marine kuwi langsung ambles. Ora
isa bangkit maneh.”
Aku manggut-manggut.”Lha ngapa kok emoh kerja
liyane?”
“Alah embuh to! Nate tak takoni, jare isin yen weruh uwong
menawa dheweke dadi kuli watu utawa tukang cet. Mosok bekas juragan
rosokan kok nguli. Ngono je kandhane.”
“Lha terus sabendinane
awakmu sing nyukupi?”
Rahmi mesem kecut. “Iya, Nung,” balese karo
ngusapi kringet ing irunge.
Krungu cerita mau atiku dadi anglek.
Ya, Allah kok ya susah temen tibane uripe kancaku iki. Dhuwe bojo ning
ora doyan makarya. Geleme mung ongkang-ongkang ana ing ngomah bae.
“Lah ngunu kuwi cukup, Mi?”
Rahmi gedheg-gedheg kenceng, nganti
rambute sing brintik dadi melu goyang-goyang. “Ya, ora Nung. Mangkane
yen bar dodolan jajan aku kerja apa bae. Dikongkon setrika klambi,
korah-korah, ngewangi masak wong yo tak tandangi. Pokoke amrih isa
nambah-nambah pengasilan. Yen ora ngono mesakke anak-anakku.”
“Apa
kowe ora tau ngomong perkara iki marang bojomu?”
“Hm, ya bola-bali.
Ning aku suwe-suwe males, soale mesti dadi nesune. Yen wis nesu aku
terus ditandangi. Timbang aku kelaran tak jarne bae.”
“Ya Allah,
nganti ngono kuwi. Ih, yen aku wis tak pegat bae priya kaya ngono kuwi.”
“Jane aku yo wis mikir perkara kuwi makaping-kaping. Tapi yen dipikir
jeru apa iya pegatan kuwi cara sing apik? Aku ndeleng kancaku sing
pegatan kae kok uripe tansaya nelangsa,” Rahmi unjal ambegan. “Kadang
yen dipikir-pikir bojoku iki ana apike. Gelem ngewangi aku resik-resik
omah, masak, apa ngedusi anak. Masiya gara-gara kuwi Mas Tok dipoyoki
karo kanca-kancane, jarene kaya babuku. Mas Tok ora mbales lan tetep
nulungi aku, coba yen wong liya, apa ora mutung amarga gengsi?”
“Tapi yane kowe dipilara kaya ngono kuwi apa ora nggarahi runtik?”
Rahmi mesem tipis. “Iya jane. Yen dipikir kanthi ati ngamuk jawabane ki
kudu pisah bae, Nung. Ananging yen ati wening, rasane aku ora tegel.
Coba ta, biyen aku ki dijodokake karo guru yo emoh, milih Mas Tok marga
tresna. Bareng wis kedadean urip bebrayan masa arep tinggal glanggang?”
“Yen dak rasa cobane saka Gusti Allah, Nung, kanggo nguji awake dhewe
apa isih gelem ngucap syukur nalika diparingi ujiane urip,” ujare Rahmi
salalune. “Kelingan apa ora kowe biyen nalika Pak Din, guru ngajine
dhewe, ngendika menungsa iki nek ora dikabulake dongane mesti nesu.
Ngira yen Gusti Allah emoh nyembadani, padahal niate Gusti Allah maringi
sing luwih apik. Nanging nalika dikabulake terus diparingi coba ujian
ing mburine ya ngresula. Padahal urip ing alam donya iki pancene kebak
ujian. Ya kaya cah sekolah kae lho, yen arep munggah kelas kudu lulus
ujian sik.”
Rahmi ngguyu sak marine ngomong kaya ngono. Aku
ngudarasa ing njero batin, kok isih bisa ngguyu padahal nyata-nyata
uripe sara. Yen aku apa ora nangis njempling-njempling?
“Kok meneng,
Nung? Mripatmu kembeng-kembeng sisan?” Rahmi heran.
Aku gage
ngusapi eluh ing pojokan mripat. Banjur njawab ,”Ora apa-apa, aku mung
trenyuh krungu critamu. Kowe kuat tenan, Rahmi...Rahmi.”
Rahmi
nyebek. “Ah, bisa bae kowe kuwi.”
Aku mesem tipis, ing njero ati
campur aduk antara sedih lan trenyuh marang Rahmi.
“Oh, ya bojomu
kuwi kerja apa?”
“Nek istilah jaman saiki ngono Fotografer, Mi.
Anapi yen jarene simbahku yo tukang foto,” guyonku.
“Hahaha,
ana-ana bae kowe ki, yo beda to,” Rahmi ngguyu amba, mamerake untune
sing gingsul.
Tas bae Rahmi rampung olehe ngomong, blackberry-ku
muni. Rupane ana pesen saka anakku supaya aku enggal mulih.
“Mi,
aku mulih sik ya. Anak-anakku wis nunggu,” aku gage ngadeg.
“Kok
kesusu men ta, Nung? Aku isih kangen.”
“Liya dina bae disambung
maneh, ya,” ucapku karo ngambung pipine. Pas tekan lawang omahe, aku
mbalik maneh. “Nyoh, iki kanggo anak-anakmu,” kandhaku karo ngulurake
duit satus ewu.
“Byuh, Nung! Wis ora usah!”
“Eh, aku ora
nguwehi kowe, aku nguwehi anakmu, kok,” sahutku karo api-api ngamuk.
“Ya wis matur nuwun ya.”
Bubar kuwi bablas mulih. Tiba ing ngomah
kahanane sepi. Nalika aku mbukak lawang....
“Baaaa! Sugeng tanggap
warsa!” Mas Jai mlompat karo nyebar kertas emas ing rambutku.
Anak-anakku pada bengok-bengok karo nggawa kertas isi ucapan selamat
ulang tahun. Ibuku ana ing mburine bocah loro mau, nggawa tumpeng sing
diwadahi tempeh karo mesem. Semono uga Bapakku.
Eluh sak nalika
mbrebes tanpa bisa dibendung. Apa maneh nalika Mas Jai kandha
,”Sepuranana aku ya, Nung. Amarga asring ninggal kowe dhewekan. Aku
trima kok yen kowe ngamuk. Ning aja dijiwit ya, aku ra tahan larane.”
Krungu kaya ngono kuwi kabeh pada ngguyu ger-geran.
“Wis, ayo
dipurak sega kuninge iki,” Ibu nunjuk tumpeng sing wis diseleh meja.
Tanpa dikomando maneh, kabeh pada nyedhak banjur murak tumpeng cilik
mau.
Sawentara kabeh pada sibuk mangan, aku dadi kepikiran critane
Rahmi. Dibanding Rahmi, apa sing dak alami ora ana apa-apane. Nanging
aku cengeng, ora kuat kaya dheweke. Tansah isa ndeleng sisi apik saka
cobane Gusti Allah. Dibanding bojone Rahmi, bojoku ora tau nglirwakake
kewajibane nafkahi keluarga. Uga ora tau kasar, yen nesu mung meneng
Dene bojone Rahmi ora bisa diandelne lan gelem mara tangan. Yen ndeleng
kuwi kudune aku bersyukur. Ora kok malah nesu lan mikir pisahan barang.
“Ya, Allah matur nuwun amargi sampun digathukaken kalih rencang kula
Rahmi dinten menika. Saking piyantun ingkang prasaja Panjenengan sampun
ngelingaken kula ingkang asring sambat prakara-prakara ingkang sepele,”
gunemku karo ngusap eluh kang kembeng-kembeng ing pojok mripat.
Mencoba mengerti, hihihi...
ReplyDelete