Monday, July 8, 2013

[Cerpen] DENING

[CERPEN BAHASA JAWA) PIWULANG SAKA RAHMI
pernah dimuat di Jayabaya beberapa bulan silam (lupa tepatnya) silakan dibaca

Dening : Afin Yulia

Aku tas mari bae tuku krupuk urang ana pasar Genteng Wetan nalika ana sms mlebu ing ponselku. Age-age dak bukak lan kuciwa nalika Mas Jai ngabarake yen ora sida njemput aku karo bocah-bocah ing Banyuwangi. Isih sibuk motret, jarene. Kanthi praupan pegel aku nglebokake ponsel ing tas cilikku. Ora mung sepisan Mas Jai mblenjani janji kaya ngene. Asring aku nelangsa, kok tansaya urip kepenak aku dadi jarang ketemu karo dheweke. Gak jarang aku iri karo ibu-ibu liyane, sing menyang ngendi-ngendi karo garwane. Lha aku? Luwih sering dhewekan karo anak-anakku sawentara Mas Jai sibuk karo proyek-proyeke. Duh, rasane timbang kaya ngene iki penak pisahan bae! Gunemku ing njero ati. 

“Aduh!”
Suara ngaduh mau ngagetake aku. Gara-gara iwut karo pikirane dhewe aku nganti ora krasa nubruk wong lan midak sikile. Aku sing rumangsa salah nuli njaluk sepura marang wong wadon ing ngarepku.
“Mboten napa-napa, Bu. Kula ingkang kirang pramana,” jawabe karo nyawang aku.
Lhadalah! Kok kaya tau kenal, nanging sapa ya? Tanpa sadar alisku njureng ngeling-eling dheweke. Oalah iya, kuwi Rahmi!

“Eh, sampeyan Rahmi, to?” pitakonku karo mandeng wong wadon ing ngarepku.
Sing ditakoni melongo. Ngeling-eling sedhela banjur mbengok seru ,”Nungki! awakmu Nungki to?”
“Oalah, Mi, pangling aku. Ora daknyana bisa ketemu ing kene!” Aku ngguyu karo ngerangkul Rahmi kenceng.
Rahmi klecam-klecem karo ngusap rambute sing brintik. Banjur nggablogi aku karo kandha ,”“Oalah, Nung! Suwe ora ketemu! Aku mikir suwi mau, iku kancaku apa dudu. Lha wong tambah ayu je.”
“Lha iya, aku rada pangling karo awakmu. Ora nyangka nek Rahmi sing tomboy bisa feminin kaya ngene.” Aku ngguyu ngikik.
“Asem tenan kowe ki. Eh, kowe saiki ana ngendi? Anakmu wis pria?”
Aku nyengir bae. Karo klecam-klecem mangsuli kalem ,”Ana Sidoarjo. Anakku loro.”
“Ah, lha endi? Kok ora diajak?”
“Karo utine, Rahmi. Aku iki mau dhewekan bae.”
“Oh, ya ayo mampir ngomah. Omahku cedhek kok, mburi pasar. Ayo!”
Kerana kangen aku ngiyani bae. Banjur mbuntuti Rahmi karo nuntun motorku. Omahe Rahmi ora adoh saka pasar, kira–kira satus meter. Ning aku rada krenggosan amarga dalanane nanjak. Nalika tekan ngarep omah tanpa pager sing warna cete wis mulai ilang Rahmi mandeg. Lawang nuli dibukak lan aku dikongkon mlebu.
Omahe Rahmi cilik, kira-kira limang meter musuh enem. Kabagi telung ruang, kamar loro lan ruang tamu sing dadi siji karo ruang makan. Daksawang-sawang ing ruang tamu ora ana perabotan sing mbejaji. Mung ana lemari plastik, kursi tamu sing beludrune wis ilang wulune, karo tivi tuwa sing diseleh ana meja cilik. Ing tembok kulon ana meja maneh, tak deleng ana rice cooker karo tudung saji ing ndhuwure.
“Omahe cilik ya?” Rahmi mesem karo manggakne aku.
Aku ora njawab, mung meneng karo lungguh ing kursi tamune.
“Ngapurane ya, duweku mung banyu putih thok,” tembunge Rahmi karo ndeleh banyu gelasan ana ing ngarepanku.
Aku mung mesem karo ngucap matur nuwun.
“Kowe entuk wong endi, Nung?”
“Oleh wong Genteng kene bae, kok,” jawabku tanpa sadar unjal ambegan gedhe, kelingan menawa akhir-akhir iki hubunganku karo bojoku rada crah.
“Ana apa kok sajake....” Rahmi nggumun nyawang aku. Aku mung meneng, mandeng kancaku kuwi kanthi ati perih. Banjur ngalihake omongan, takon ana ngendi anak-anake lan bojone.
“Anak-anakku isih sekolah, Nung. Dene bojoku isih muter golek rosokan.”
“Golek rosokan?”
“Iya, tuku marang wong-wong kampung ngono. Terus didol maneh.”
“Yen sore wis tekan ngomah yo?”
“Iya.”
“Penake,” kandhaku iri.
“Ah, jare sopo? Ha wong bojoku ki ya kumat-kumaten. Kadhung sregep megawe budhal ben dina, yen ora ya mung mancing bae pegaweyane. Kaya akhir-akhir, ini dheweke akeh nganggure. Aku kadang nganti mangkel Nung, katone dhuwe bojo tapi kok golek pangupa jiwa dhewe.”
“Maksudmu kowe kerja dhewe?”
“Iya, mider-mider ing kampung-kampung dodol jajan. Yen ora ngono ya ora mangan.”
“Ah, tenane?”

“Kandhani kok. Bojoku ki emoh kerja neka-neka, Nung. Geleme ya dodol rosokan kuwi. Biyen tau jaya, nganti dadi lan kepenake. Nanging ing sawijine dina rosokan wesi regane anjlok, bojoku rugi. Akhire gulung tikar. Sak marine kuwi langsung ambles. Ora isa bangkit maneh.”
Aku manggut-manggut.”Lha ngapa kok emoh kerja liyane?”
“Alah embuh to! Nate tak takoni, jare isin yen weruh uwong menawa dheweke dadi kuli watu utawa tukang cet. Mosok bekas juragan rosokan kok nguli. Ngono je kandhane.”
“Lha terus sabendinane awakmu sing nyukupi?”

Rahmi mesem kecut. “Iya, Nung,” balese karo ngusapi kringet ing irunge.
Krungu cerita mau atiku dadi anglek. Ya, Allah kok ya susah temen tibane uripe kancaku iki. Dhuwe bojo ning ora doyan makarya. Geleme mung ongkang-ongkang ana ing ngomah bae.
“Lah ngunu kuwi cukup, Mi?”
Rahmi gedheg-gedheg kenceng, nganti rambute sing brintik dadi melu goyang-goyang. “Ya, ora Nung. Mangkane yen bar dodolan jajan aku kerja apa bae. Dikongkon setrika klambi, korah-korah, ngewangi masak wong yo tak tandangi. Pokoke amrih isa nambah-nambah pengasilan. Yen ora ngono mesakke anak-anakku.”
“Apa kowe ora tau ngomong perkara iki marang bojomu?”
“Hm, ya bola-bali. Ning aku suwe-suwe males, soale mesti dadi nesune. Yen wis nesu aku terus ditandangi. Timbang aku kelaran tak jarne bae.”
“Ya Allah, nganti ngono kuwi. Ih, yen aku wis tak pegat bae priya kaya ngono kuwi.”
“Jane aku yo wis mikir perkara kuwi makaping-kaping. Tapi yen dipikir jeru apa iya pegatan kuwi cara sing apik? Aku ndeleng kancaku sing pegatan kae kok uripe tansaya nelangsa,” Rahmi unjal ambegan. “Kadang yen dipikir-pikir bojoku iki ana apike. Gelem ngewangi aku resik-resik omah, masak, apa ngedusi anak. Masiya gara-gara kuwi Mas Tok dipoyoki karo kanca-kancane, jarene kaya babuku. Mas Tok ora mbales lan tetep nulungi aku, coba yen wong liya, apa ora mutung amarga gengsi?”

“Tapi yane kowe dipilara kaya ngono kuwi apa ora nggarahi runtik?”
Rahmi mesem tipis. “Iya jane. Yen dipikir kanthi ati ngamuk jawabane ki kudu pisah bae, Nung. Ananging yen ati wening, rasane aku ora tegel. Coba ta, biyen aku ki dijodokake karo guru yo emoh, milih Mas Tok marga tresna. Bareng wis kedadean urip bebrayan masa arep tinggal glanggang?”
“Yen dak rasa cobane saka Gusti Allah, Nung, kanggo nguji awake dhewe apa isih gelem ngucap syukur nalika diparingi ujiane urip,” ujare Rahmi salalune. “Kelingan apa ora kowe biyen nalika Pak Din, guru ngajine dhewe, ngendika menungsa iki nek ora dikabulake dongane mesti nesu. Ngira yen Gusti Allah emoh nyembadani, padahal niate Gusti Allah maringi sing luwih apik. Nanging nalika dikabulake terus diparingi coba ujian ing mburine ya ngresula. Padahal urip ing alam donya iki pancene kebak ujian. Ya kaya cah sekolah kae lho, yen arep munggah kelas kudu lulus ujian sik.”

Rahmi ngguyu sak marine ngomong kaya ngono. Aku ngudarasa ing njero batin, kok isih bisa ngguyu padahal nyata-nyata uripe sara. Yen aku apa ora nangis njempling-njempling?
“Kok meneng, Nung? Mripatmu kembeng-kembeng sisan?” Rahmi heran.
Aku gage ngusapi eluh ing pojokan mripat. Banjur njawab ,”Ora apa-apa, aku mung trenyuh krungu critamu. Kowe kuat tenan, Rahmi...Rahmi.”
Rahmi nyebek. “Ah, bisa bae kowe kuwi.”

Aku mesem tipis, ing njero ati campur aduk antara sedih lan trenyuh marang Rahmi.
“Oh, ya bojomu kuwi kerja apa?”
“Nek istilah jaman saiki ngono Fotografer, Mi. Anapi yen jarene simbahku yo tukang foto,” guyonku.
“Hahaha, ana-ana bae kowe ki, yo beda to,” Rahmi ngguyu amba, mamerake untune sing gingsul.
Tas bae Rahmi rampung olehe ngomong, blackberry-ku muni. Rupane ana pesen saka anakku supaya aku enggal mulih.
“Mi, aku mulih sik ya. Anak-anakku wis nunggu,” aku gage ngadeg.
“Kok kesusu men ta, Nung? Aku isih kangen.”
“Liya dina bae disambung maneh, ya,” ucapku karo ngambung pipine. Pas tekan lawang omahe, aku mbalik maneh. “Nyoh, iki kanggo anak-anakmu,” kandhaku karo ngulurake duit satus ewu.
“Byuh, Nung! Wis ora usah!”
“Eh, aku ora nguwehi kowe, aku nguwehi anakmu, kok,” sahutku karo api-api ngamuk.
“Ya wis matur nuwun ya.”

Bubar kuwi bablas mulih. Tiba ing ngomah kahanane sepi. Nalika aku mbukak lawang....
“Baaaa! Sugeng tanggap warsa!” Mas Jai mlompat karo nyebar kertas emas ing rambutku. Anak-anakku pada bengok-bengok karo nggawa kertas isi ucapan selamat ulang tahun. Ibuku ana ing mburine bocah loro mau, nggawa tumpeng sing diwadahi tempeh karo mesem. Semono uga Bapakku.

Eluh sak nalika mbrebes tanpa bisa dibendung. Apa maneh nalika Mas Jai kandha ,”Sepuranana aku ya, Nung. Amarga asring ninggal kowe dhewekan. Aku trima kok yen kowe ngamuk. Ning aja dijiwit ya, aku ra tahan larane.”
Krungu kaya ngono kuwi kabeh pada ngguyu ger-geran.

“Wis, ayo dipurak sega kuninge iki,” Ibu nunjuk tumpeng sing wis diseleh meja. Tanpa dikomando maneh, kabeh pada nyedhak banjur murak tumpeng cilik mau.
Sawentara kabeh pada sibuk mangan, aku dadi kepikiran critane Rahmi. Dibanding Rahmi, apa sing dak alami ora ana apa-apane. Nanging aku cengeng, ora kuat kaya dheweke. Tansah isa ndeleng sisi apik saka cobane Gusti Allah. Dibanding bojone Rahmi, bojoku ora tau nglirwakake kewajibane nafkahi keluarga. Uga ora tau kasar, yen nesu mung meneng Dene bojone Rahmi ora bisa diandelne lan gelem mara tangan. Yen ndeleng kuwi kudune aku bersyukur. Ora kok malah nesu lan mikir pisahan barang. 

“Ya, Allah matur nuwun amargi sampun digathukaken kalih rencang kula Rahmi dinten menika. Saking piyantun ingkang prasaja Panjenengan sampun ngelingaken kula ingkang asring sambat prakara-prakara ingkang sepele,” gunemku karo ngusap eluh kang kembeng-kembeng ing pojok mripat.

1 comment:

Terima kasih telah berkunjung ke blog BaW. Mohon kritik dan komentar yang membangun untuk setiap postingan ;)